Salam
sejahtera saudaraku semua dimanapun dan siapapun kamu, apakah kamu ada tugas
bahasa jawa ? disuruh pidato dengan bahasa jawa ? tapi nggak tau apa yg harus
dibahas ? Yups gak masalah gaes, kali ini aku punya solusi buat kamu niih
sobaat, tinggal pilih aja ni 3 pidato dibawah ini. Met berjuang sobaat, good
job.
MERTAMU
Nuwun !!
Kasugengan,karaharjan mugi tansah
kasasira,dhumateng kula panjenengan sadaya.
Langkung rumiyin sumangga tansah ngunjukaken
puji syukur wonten ngersanipun gusti ingkang sampun paring kabagyan saget
makempal ing kelas menika kanthi kawilujengan.
Siang menika kula badhe ngaturaken pidato
ingkang judul “MERTAMU” . Kanggone wong
jawa,kedhayohan kuwi padha karo nampa rejeki. Sapa wae yen kadhayohan mesthi
minarakke tamune,ngaturi lenggah,terus gawe wedang kanggo suguhan.Wong seng
mertamu aja sakepenake dewe,aja gawe gelane sing ditamoni,lan bisa nyenengake
sing ditamoni,lan bisa nyenengke sing gawe omah. Sing perlu digatekake yen
maradhayoh yaiku ngerti wektu lan trapsila.
Aja mertamu wayahe wong ngaso lan turu,aja
mertamu wancine wong mangan,aja mertamu wancine wong ibadah utawa
sholat.Mertamu sacukupe wae aja kesuwen kira-kira sak jam,mundhak sing
ditamoni jeleh lan kesel nemoni.kejaba
yen wes lawas ora ketemu upamane tilas mitra raket nalika isih sekolah,kanca
nyambut gawe ana kutha liya,lan sapanunggalane.Yen dirasa keperluane wis cukup
lan anggone mertamu wis rada suwe,prayogane tetep nyuwun pamit nanging janji
yen arep dolan meneh ing liya wektu.
Senajan maradhayoh kuwi ora resmi nanging perlu
mingatekake tata susila. Klambi seng sopan, apa maneh yen merdayoh menyang
omahe wong seng luwih tuwa. Yen di suguhi aja kesusu diombe apa dipangan
sadurunge di manggakake sing duwe omah.
Mekaten atur kula.Bokbilih wonten kirang serta kalepatanipun,kula
pribadhi nyuwun lumunturing sih pangaksama.
Nuwun !!
TATA
KRAMA
Nuwun !!
Kasugengan,karaharjan mugi tansah
kasasira,dhumateng kula panjenengan sadaya.
Langkung rumiyin sumangga tansah ngunjukaken
puji syukur wonten ngersanipun gusti ingkang sampun paring kabagyan saget
makempal ing kelas menika kanthi kawilujengan.
Siang menika kula badhe ngaturaken pidato
ingkang judul “TATA KRAMA” kita selaku
murid kedhah nggadahi tata krama utawa solah bawa ingkang sae.Upamane nalika
teka mlebu sekolah ngadhep gurune,matur : “sugeng enjing,wilujeng enjing”lan
sak panunggalane,apese manthuk tandha aweh hurmat.
Nalika telat mlebu kelas kudu matur: “nyuwun
pangapunten,kula telat jalaran jawah.Ora keno mbludhus mlebu kelas terus
lungguh bangkune.
Nalika arep metu saka kelas kedhah matur: “Bu
Guru,keparenga kula badhe datheng wingking.”
Murid kang sopan lan ngerti marang tata krama
iku:
1.
Yen kepapak gurune ana ing
dalan,ora bakal mlayu nyingkiri.malah mapagake asung kurmat kanthi manthuk.
2.
Yen ketemu gurune ana ing panggonan
liyo,ora ndadak ndhelik amping-ampingan,nanging panggah tenang kaya ora ana
apa-apa.Yen gurune mriksani,malah banjur asung kurmat.
3.
Yen ana sajrone kelas,arep nyuwun
pirsa wulangan,saranangacungake tangane serta matur “kepareng nyuwun pirsa”.
Bocah-bocah iku ing tembe kang dadi
kakembanganing bangsa.Mula saka iku,bocah-bocah kudu nduweni rasa-pangrasa
marang ajining dhiri,ajining bangsa ,kudu nggegulang tata-krama kang laras karo
jamane.Bocah-bocah kita becike padha nduweni semboyan : “putraning bangsa kudu
ngerti tata krama”
Mekaten atur kula.Bokbilih wonten kirang serta
kalepatanipun,kula pribadhi nyuwun lumunturing sih pangaksama.
AJINE
SRAWUNGAN
Nuwun !!
Siang menika kula badhe ngaturaken pidato
ingkang judul “AJINE SRAWUNGAN”. Urip ing
alam donyo mbutuhake srawung karo liyan.Kudu sesambungan gethok tular,tulung
tinulung,sambat-sinambat.Wiwit jaman kuna makuno,uripe manungso pancen wis
padha sesrawungan.Kejaba ana wong kang arep urip ora kaya salumrahe mertapa
utawa urip ijen ana ing tengahing alas,ora pingin sandhang pangan.Tumrape
umum,kang urip bebrayan,kang mangku bale omah,kang sesambungan,gelem ora
gelem,kudu sesrawungan karo liyan.amargi kita mesthi mbutuhake srawungan lan
tenagane liyan.Malah-malah tumrape wong kang arep anggayuh kemajuwan ing
laladan pegaweyane,bab sesrawungan iku kudu digatekake banget. Disinaui kanthi
temen-temen supaya mengerti wadi-wadi,nuli ditindakake kanthi becik,murih
bisane karahayon saka enggone pinter sesrawungan.
Manut panitipriksana Lembaga Carnegia,nyata yen
asile gegayuhane wong ing laladan pegaweyane iku : 15% saka kawruhe kang
ditindakake,dene kang 85% saka anggone pinter sesrawungan karo liyan.Samono
pentinge kawruh bab sesrawungan utawa
pergaulan.Mula saka iku,kawruh sesrawungan utawa pergaulan iku sejatine perlu
banget kita udi.Awit yen kita kasil bisa nindakake kanthi becik,bisa narik
perhatian lan sympatine(semseme) wong kang kita ajak srawungan,bakal bisa
nekakake karahayon tumrap kita,lan bisa nekakake keuntungan lan kabegjan tumrap
pegaweyan.
Mekaten atur kula.Bokbilih wonten kirang serta
kalepatanipun,kula pribadhi nyuwun lumunturing sih pangaksama.
Nuwun !!
Demikian Posting saya Pidato Bahasa Jawa diatas, semoga
bermanfaat dan menambah pengetahuan para pembaca sekalian. Aamiin
No comments:
Post a Comment